KRESNANE KARTIKA
“Apa kuwi?? Swara apa?”
“cuiiiii..tt,,cuiiii…ttt….duer….”
“Sapa? Tangan sapa iki?”
“Duh, ing ngendi iki?”
Kabeh peteng, amung ening tanpa
swara..tanpa daya. Amung ana alang-alang. Mabit mangiwa manengen katiyup bayu..
“Bayu?!”
“Ya, bayu..iku bayu..”
***
“Dhewekan, Mas?”
Dumadakan keprungu pitakonan, mbuyarake angenku. Langit
katon resik ing wayah iki. Nora ana mendhung, amung lintang-lintang kang abyor
ing tawang. Hawa adem angrasuk raga agawe tentrem. Apa maneh bocah wadon kuwi
teka. Nambah tentreming atiku.
“Dakkancani oleh ora, Mas?”
“Mangga... Oya, bar saka ngendi?”
“Saka omah..”
Saben bengi aku seneng nyawang langit. Apa maneh nek ana
candra kang purnama, kaya bengi iki. Rasane ayem bisa andeleng awang-awang.
Semana uga bocah wadon iku, iya seneng nyawangi langit. Iku mau bisa gawe aku
tansah eling lan nambah rasa sokur marang Gusti.
“Mas, kok ana lintang kang katon abang
lan biru? Sakngertiku amung kuning utawa putih..”
“Mm, nek katon abang tegese lintang
kuwi tuwa umure. Dene biru utawa putih tegese isih enom..”
“Coba
sawangen lintang kae. Kae lintang kasenenganku..”
“Iya,
Mas.. Lintange apik, awerna biru, terang sisan..”
“Nek
aku sing kae, Mas. Werna abang, gumebyar..”
Nyawang esem manise, ditambah praupane kang bungah agawe
atiku tambah deg-degan. Rasane aku
kapengin ngrangkul kartikaku kenceng-kenceng, supaya tansah gawe teranging
suksmaku kang kebendu sepi.
Dumadakan saka sisih kidul ana lintang tumiba. Kartika kang
ngonangi seneng banget. Dheweke nggegeri karo narik-narik klambiku. Ngajaki make a wish, nanging aku ora percaya
kaya ngono. Dheweke tetep kukuh. Huh, gelem ora gelem aku ngiyani. Andeleng
praupane kang bungah gawe atiku uga seneng.
“Njaluk apa, Ka?”
“Aku kapengin ing mbesuke bisa nyawang lintang bareng
maneh.”
Keprungu kandane iku, aku kaget. Apa karepe ngomong kaya
mangkono. Aku takon kenapa. Dheweke semawur menawa sesuk esuk arep menyang
negara manca, jalaran bapake kang kudu tugas mrana. Atiku rada cuwa, nanging
dheweke semaya ora bakal lali karo aku. Dheweke bakal kirim layang.
***
Amplop kanthi gambar kembang sakura lan lintang tumiba, daktampa esuk
iki. Nalikane, atiku kumeser. Apa iki layang saka Kartika. Banjur dakwaca.
Dheweke nulis kaya apa kahanan ing kana. Jare nyawang lintang ana kana luwih
katon endah, katon nyenengake. Dheweke kapengin nyawang lintang bareng aku.
Sawise maca, atiku rada lega. Jalaran 5 sasi tanpa kabar, aku wedi yen dheweke
lali marang aku.
“Hayo!! Isih nglamunake sapa, Mas?”
“Ah, Bayu,, ngrusohi bae..”
“Lha salahe nglamun bae.. Ora apik, yen kesambet
piye?”
“Arep kesambet apa? Setane rak ya awakmu ta?!
Haha...”
“Asem ik..”
“Mau layang saka Kartika ya? Apa isine, Mas?”
“Iya, dheweke amung nulis yen dheweke apik-apik
bae..”
“Masa amung nulis ngono? Ora nulis yen kangen karo
sampeyan?”
“Wkwkwkwk... Ya wislah, aku mangkat dhisik Mas.”
“Ya kana, ning dalan ati-ati..”
Sokurlah, awakmu isih eling marang aku, Ka. Wengi iki apa awakmu iya
nyawang lintang. Wengi iki rasane aku kapengin nyawang bareng ana kana. Dhuh,
pikirku lan atiku cambur bawur ngangen-angeni ana kana.
***
Arep rong taun mlaku, aku lan Kartika kirim-kiriman layang. Saben
amplope mesthi kanthi gambar kembang sakura lan lintang. Atiku seneng rasane,
dina iki aku arep nampa layang saka dheweke maneh. Jalaran dheweke semaya yen
candrane arep purnama mesthi kirim layang. Dina iki (wengi) candrane purnama.
Aku ngarep-arep tekaning pak pos kang anggawa layang saka Kartika. Nganthi awan
iki layang saka dheweke durung teka-teka. Saiki wis wayah sore, nanging layange
uga durung teka. Ing wengi iki aku nyawang lintang.
“Dhuh lintang, ana apa karo dheweke?”
“Kena apa durung ana kabar saka dheweke?”