Kamis, 04 Juli 2013

Kajian Semiotik



Kajian Semiotik pada 5 Puisi Karya Widodo Basuki


DONGENG MISTIS
ing pungkase gamelan talu
dupa kumelun dadi daging
ukara dadi roh
hong, sepisan dadi
kelir manjilma jagad
blencong dadi srengenge
ing ngisor janur malengkung
adam lan babu kawa campur dewa-dewa
njumputi kama tumiba
dibungkusi kulit
dikemuli wewayangan
wong jawa
senengane dolanan nyawa
Surabaya, 1991
(Medhitasi Alang-alang hal. 2)

  • Pembacaan heuristik

Ing pungkase gamelan talu dupa kumelun (kaya-kaya) dadi daging, ukara (-ukarane dhalang) dadi roh. (kanthi ukara) Hong, (sanalika kabeh) dadi (mawujud), kelir manjilma (dadi) jagad (dene) blencong (kaya-kaya) dadi srengenge. --- bait ke-1
Ing ngisore janur (kang) malengkung, adam lan  kawa campur dewa-dewa njumputi kama tumiba (bebarengan). (Kama kang) dibungkusi kulit (lan) dikemuli wewayangan. --- bait ke-2
Wong Jawa senengane dolanan nyawa. --- bait ke-3

  • Pembacaan hermeneutik

Di awal dunia terbentuk merupakan kehendak Tuhan. Manusia tecipta dari tanah (daging). Kun faya kuun, dengan seketika semua akan jadi, akat terwujud. Ada semesta beserta tata suryanya (jagad), ada matahari yang merupakan energi kehidupan. --- bait ke-1
Dalam peristiwa yang keramat (pernikahan), seorang suami (adam) dan istri (kawa) melakukan suatu ibadah (sanggama). Atas kehendak Tuhan tertanam benih kehidupan dalam tubuh istri yang semula hanya berbentuk sel telur hingga menjadi wujud manusia seutuhnya. --- bait ke-2
Masyarakat di tanah Jawa senang berbuat sanggama. --- bait ke-3



GRABAH
gumeter bali rasaku
nalika lemah lumer iku malih atos
ing panase geni
wis daksuguhake pasrahku
lan lemah kang lumer iku
malih dadi rerangkening wujud
saka sih tresnane alam
kang ngatosake lemah dadi watu
Ketintang, 1995
(Medhitasi Alang-alang hal. 23)

  • Pembacaan heuristik

Atiku gumeter maneh nalikane lemah lumer iku malih atos ing panase geni. Wis daksuguhake pasrahku (marang Gusti) lan lemah kang lumer iku malih dadi rerangkening wujud. (Iku jalaran) saka sih tresnane alam kang (bisa) ngatosake lemah dadi watu.

  • Pembacaan hermeneutik

Hatiku bergetar kembali ketika keputusasaan/kelemahan (lemah lumer) itu berubah menjadi sebuah ketegaran/kekuatan (atos,watu). Pada saat menghadapi suatu masalah/cobaan (panase geni) telah kuserahkan, kupasrahkan semuanya kepada Tuhan. Keputusasaan itu hilang dan mulai timbul rasa tenang, tidak gonjang-ganjing. Setelah berusaha dan kemudian bertawakal, pasti akan ada jalan. Semua itu karena welas asih Tuhan yang telah memberikan kemudahan dan kekuatan.


MEDHITASI ALANG-ALANG 1
sapa sing wani urip ing kene
nantang srengenge
ing puthuk ngenthak-enthak
bayi sing metu saka kuping kae
gumlethak,
tinandhu alang-alang
kabeh kala tinantang
            : aku basukarna,
anake ibu kunthi nalibrata
sing ditemu kusir adhirata
apa isih kurang anggonmu munasika?
dhalange gumuyu lakak-lakak
: karna, si bocah pidak pedarakan
            dadi senopati mungsuh arjuna?
menthang gendhewa adhep-adhepan
ing perang baratayuda
karna tetep dadi paraga kalah mungsuh arjuna
angruwat papanistha wae
yagene kudu ora suwala
karo sing bisa njamu dewa-dewa
Legok, 2001
(Medhitasi Alang-alang hal. 47)

  • Pembacaan heuristik

Sapa sing wani urip ing kene nantang srengenge ing rina kang panase ngenthak-enthak. Bayi sing metu saka kuping kae gumlethak, (kang) tinandhu alang-alang. (Banjur) kabeh kala ditantang: “Aku basukarna, anake ibu kunthi nalibrata, sing ditemu kusir adhirata, apa isih kurang anggonmu munasika?” --- bait ke-1
Dhalange gumuyu lakak-lakak, (banjur kandha): Karna, si bocah pidak pedarakan dadi senopati mungsuh arjuna? --- bait ke-2
(Karna) menthang gendhewa adhep-adhepan (karo Arjuna) ing perang Baratayuda. (nanging) Karna tetep dadi paraga kalah (nalikane) mungsuh (tandhing) Arjuna. --- bait ke-3
(kanggo) ngruwat papanistha wae kena apa kudu ora suwala marang sing bisa njamu dewa-dewa(Tuhan). --- bait ke-4

  • Pembacaan hermeneutik

Siapa yang berani berjuang di negara ini (Indonesia) menantang para aparat, para penguasa yang di atas (srengenge). Ketika negara dilanda krisis, muncul sosok yang tak dinyana yang merupakan orang terpinggirkan/terlupakan (basukarna). Dimana merupakan anak terbuang dari penguasa yang dipelihara oleh orang biasa. Ia merasa apakah siksaan, penderitan yang diberikan para penguasa masih kurang. --- bait ke-1
Seorang penguasa, pemimpin meremehkan para rakyat kecil, orang miskin dan melarat walau berpangkat ingin menantang punggawa. --- bait ke-2
Dengan mengerahkan seluruh kekuatan dan keberanian menghadapi para aparat, dalam perang menuntut keadilan, rakyat kecil tetap akan kalah. --- bait ke-3
Untuk menghilangkan, meleburkan jejak kenistaan, para penguasa tidak bisa mengingkari untuk melakukan penyuapan terhadap para hakim yang merupakan tempat keadilan diputuskan. --- bait ke-4


WENGI KANG KEKITRANG
sapa nothok lawang tengah wengi
ngusung ukara Ha saka sangkanmu
lan ukara Na miwiti gamelan talu
wewayangan manjilma dadi lakon
disabetake dhalang ing pakeliran
            : baratayuda kudu dumadi
              jalaran iku wujude paranmu!
Ha manjing Na
Na tanpa suwala
gumeter lelumban ing segara cahya
sliramu nyekseni karo mesem
karo ngejejer ing ngarep lawang, kandhamu:
aku mung sadrema kemit!
njur mulih tanpa pamit
Legok, 2001
(Medhitasi Alang-alang hal. 52)

  • Pembacaan heuristik

Sapa (kang) nothok lawang (ing) tengah wengi (sinambi) ngusung ukara Ha saka sangkanmu lan ukara Na (kang) miwiti gamelan talu. (bebarengan unine gamelan) wewayangan manjilma dadi lakon (banjur) disabetake dhalang ing pakeliran, (sinambi kandha): “Baratayuda kudu dumadi jalaran iku wujude paranmu!” Ha manjing Na (dene) Na tanpa suwala. (andadekake rasa) gumeter (kaya-kaya) lelumban ing segara cahya. Sliramu nyekseni karo mesem karo ngejejer ing ngarep lawang, (banjur) kandhamu: “Aku mung sadrema kemit! njur mulih tanpa pamit.”
  • Pembacaan hermeneutik
Seseorang yang mencari suatu masalah, mengganggu ketenangan, dengan membawa tekad/niat (tujuan) dari seorang penguasa dan pemikiran yang memulai peristiwa itu. Semua itu terwujud, perpecahan tak dapat dihindari. Ada, tidak dapat dipungkiri itu memang terwujud. Rasa diri berlomba-lomba untuk mencari kemenangan atau kepuasan sendiri. Dan sang penguasa pun hanya tersenyum dan diam melihat pertikaian tersebut. Ia hanya menyaksikan tanpa turun tangan, dan langsung meninggalkan semuanya (lepas tangan).

ADZAN ING MASJID NDESA
swara adzan ing masjid ndesa
keprungu ngaluk-aluk
nurut lurung lan papringan kumrosak
bareng godhong-godhong lugur
            : aku kapang swara iki
kandhamu nalika iku
swara adzan ing masjid ndesa kaya
nglabuhake jaman cilik dhek semana
nalika isih kaweden dicritani swarga neraka
swara adzan ing masjid ndesa kaya
mbalekake critane bocah-bocah budhal ngaji
obore blarak lan upet
lambeyane mobat-mabit
ayang-ayange kaya sinebit
swara adzan ing masjid ndesa luwih adhem
karasa, sawise katrem gumerahe kutha
Legok, 2000
(Medhitasi Alang-alang hal. 54)

  • Pembacaan heuristik
Swara adzan ing masjid ndesa keprungu ngaluk-aluk nurut lurung lan papringan (kang) kumrosak bareng godhong-godhong (kang) lugur. “Aku kapang swara iki”, kandhamu nalika iku. --- bait ke-1
Swara adzan ing masjid ndesa kaya nglabuhake jaman cilik dhek semana. Nalikane isih kaweden dicritani (babagan) swarga (lan) neraka. Swara adzan ing masjid ndesa kaya mbalekake critane bocah-bocah budhal ngaji. Obore (amung) blarak lan upet, lambeyan (genine) mobat-mabit (dene) ayang-ayange (bayangane) kaya sinebit. --- bait ke-2
Swara adzan ing masjid ndesa luwih krasa adhem (bisa nentremke ati lan pikir). Karasa sawise gumerahe kutha krasa banget. --- bait ke-3
  • Pembacaan hermeneutik
Suara adzan masjid di desa yang terdengar sangat menenangkan, bersamaan dengan situasi pedesaan yang enak dan sejuk. Keadaan itu membuat rindu, karena tidak didapati ketika berada di kota. --- bait ke-1
Suara adzan di desa mengingatkan akan masa dahulu dimana orang-orang masih ingat akan Tuhan dan kehidupan akhirat, orang-orang berlomba-lomba dalam beribadah dan dalam kebaikan. Walaupun teknologi belum begitu maju, semua orang menjalani hidup dengan kesederhanaannya. --- bait ke-2
Suasana di pedesaan lebih menenangkan dan menyenangkan. Hal tersebut lebih terasa membuat rindu ketika mulai muncul rasa kesal dengan keramaian kota. Masyarakatnya yang individual, suasana kota yang panas dan penuh polusi, penuh keributan, penuh kriminalitas. Semua itu jauh berbeda dengan suasana pedesaan. --- bait ke-3

Tidak ada komentar:

Posting Komentar