Selasa, 02 Juli 2013

Cerkak



KRESNANE KARTIKA


“Apa kuwi?? Swara apa?”
“cuiiiii..tt,,cuiiii…ttt….duer….”
“Sapa? Tangan sapa iki?”
“Duh, ing ngendi iki?”
Kabeh peteng, amung ening tanpa swara..tanpa daya. Amung ana alang-alang. Mabit mangiwa manengen katiyup bayu..
“Bayu?!”
“Ya, bayu..iku bayu..”
***
 “Dhewekan, Mas?”
Dumadakan keprungu pitakonan, mbuyarake angenku. Langit katon resik ing wayah iki. Nora ana mendhung, amung lintang-lintang kang abyor ing tawang. Hawa adem angrasuk raga agawe tentrem. Apa maneh bocah wadon kuwi teka. Nambah tentreming atiku.
“Dakkancani oleh ora, Mas?”
“Mangga... Oya, bar saka ngendi?”
“Saka omah..”
Saben bengi aku seneng nyawang langit. Apa maneh nek ana candra kang purnama, kaya bengi iki. Rasane ayem bisa andeleng awang-awang. Semana uga bocah wadon iku, iya seneng nyawangi langit. Iku mau bisa gawe aku tansah eling lan nambah rasa sokur marang Gusti.
“Mas, kok ana lintang kang katon abang lan biru? Sakngertiku amung kuning utawa putih..”
“Mm, nek katon abang tegese lintang kuwi tuwa umure. Dene biru utawa putih tegese isih enom..”
“Coba sawangen lintang kae. Kae lintang kasenenganku..”
“Iya, Mas.. Lintange apik, awerna biru, terang sisan..”
“Nek aku sing kae, Mas. Werna abang, gumebyar..”
Nyawang esem manise, ditambah praupane kang bungah agawe atiku tambah deg-degan. Rasane aku kapengin ngrangkul kartikaku kenceng-kenceng, supaya tansah gawe teranging suksmaku kang kebendu sepi.
Dumadakan saka sisih kidul ana lintang tumiba. Kartika kang ngonangi seneng banget. Dheweke nggegeri karo narik-narik klambiku. Ngajaki make a wish, nanging aku ora percaya kaya ngono. Dheweke tetep kukuh. Huh, gelem ora gelem aku ngiyani. Andeleng praupane kang bungah gawe atiku uga seneng.
“Njaluk apa, Ka?”
“Aku kapengin ing mbesuke bisa nyawang lintang bareng maneh.”
Keprungu kandane iku, aku kaget. Apa karepe ngomong kaya mangkono. Aku takon kenapa. Dheweke semawur menawa sesuk esuk arep menyang negara manca, jalaran bapake kang kudu tugas mrana. Atiku rada cuwa, nanging dheweke semaya ora bakal lali karo aku. Dheweke bakal kirim layang.
***
Amplop kanthi gambar kembang sakura lan lintang tumiba, daktampa esuk iki. Nalikane, atiku kumeser. Apa iki layang saka Kartika. Banjur dakwaca. Dheweke nulis kaya apa kahanan ing kana. Jare nyawang lintang ana kana luwih katon endah, katon nyenengake. Dheweke kapengin nyawang lintang bareng aku. Sawise maca, atiku rada lega. Jalaran 5 sasi tanpa kabar, aku wedi yen dheweke lali marang aku.
“Hayo!! Isih nglamunake sapa, Mas?”
“Ah, Bayu,, ngrusohi bae..”
“Lha salahe nglamun bae.. Ora apik, yen kesambet piye?”
“Arep kesambet apa? Setane rak ya awakmu ta?! Haha...”
“Asem ik..”
“Mau layang saka Kartika ya? Apa isine, Mas?”
“Iya, dheweke amung nulis yen dheweke apik-apik bae..”
“Masa amung nulis ngono? Ora nulis yen kangen karo sampeyan?”
“Wkwkwkwk... Ya wislah, aku mangkat dhisik Mas.”
“Ya kana, ning dalan ati-ati..”
Sokurlah, awakmu isih eling marang aku, Ka. Wengi iki apa awakmu iya nyawang lintang. Wengi iki rasane aku kapengin nyawang bareng ana kana. Dhuh, pikirku lan atiku cambur bawur ngangen-angeni ana kana.
***
Arep rong taun mlaku, aku lan Kartika kirim-kiriman layang. Saben amplope mesthi kanthi gambar kembang sakura lan lintang. Atiku seneng rasane, dina iki aku arep nampa layang saka dheweke maneh. Jalaran dheweke semaya yen candrane arep purnama mesthi kirim layang. Dina iki (wengi) candrane purnama. Aku ngarep-arep tekaning pak pos kang anggawa layang saka Kartika. Nganthi awan iki layang saka dheweke durung teka-teka. Saiki wis wayah sore, nanging layange uga durung teka. Ing wengi iki aku nyawang lintang.
“Dhuh lintang, ana apa karo dheweke?”
“Kena apa durung ana kabar saka dheweke?”
“Kartikaku, tulung kandakake marang dheweke yen aku kangen..”
Aku terus nakonake marang kartika. Kaya-kaya wong edan, aku ngomong dhewe, tanpa ana kang diajak ngomong (manungsa). Aku terus amandhengi langit. Atiku dumadakan deg-degan, rasane ora enak, nalikane aku andeleng lintange Kartika. Lintange ora kaya biyasane. Saben wengi lintang kuwi gumebyar, nanging wengi iki sunare katon mleret. Pikirku tekan endi-endi. Aku kuwatir bakal ana kadadeyan ala. Apa dheweke apik-apik bae.
Wengi sesuke aku nyawang langit maneh. Aku andeleng lintange Kartika. Sunare luwih mleret saka wingi wengi. Saya suwi sangsaya ilang sunare. Kaya-kaya lintange arep mati.
“Mati...?!”
Dumadakan atiku deg-degan kenceng. Awakku andhredheg.
“Ana apa iki? Kenapa aku mikir kaya mangkono?”
“Gusti,, muga-muga ora ana apa-apa marang dheweke..”
“Muga-muga iki dudu pratandha ala. Iki mesthi amung pikirku kang nyleneh bae..”
Aku langsung merem. Emoh mikir kang ora-ora. Aku turu ana lapangan iku. Ing tengahing wengi, keprungu swara.
“cuiiiii..tt,,cuiiii…ttt….duer….”
 “Apa kuwi?? Swara apa?”
 “Duh, ing ngendi iki?”
Kabeh peteng, amung ening tanpa swara..tanpa daya. Amung ana alang-alang. Mabit mangiwa manengen katiyup bayu..
“Bayu?!”
“Mas... Mas, tangi.. tangi..”
“Ana apa, Yu? Kena apa kok nangis?”
“Iki ana layang saka Kartika.”
Bayu menehake layang kanthi eluhe dleweran. Layang iku langsung daksawut saka tangane Bayu. Dumadakan netes eluhku. Aku ora nyana bakal kaya ngene dadine. Aku ora percaya karo isi layange.
“Iki ora mungkin.. Aku ora percaya..”
“Kapan awakmu oleh layang iki?”
“Mau sore, Mas?”
“Kenapa ora langsung kokwenehake marang aku?”
“Karepku ngono, nanging sampeyan ora ana ing kamar. Aku ngenteni sampeyan teka, nanging ora teka-teka. Akhire dakbuka lan dakwaca. Aku langsung mlayu anggoleki sampeyan, nganti wengi iki lagi ketemu..”
Aku ngamuk marang Bayu kang ora ngerti apa-apa. Pikirku lan atiku mbruwet campur bawur. Aku langsung andekep Bayu, rasane atiku lara banget. Eluhku dleweran. Layang iku katulis rong dina kepungkur. Katulis, menawa layang iki wis dakwaca ateges dheweke wis ora bisa nyawang lintang bareng maneh... Ora dakkira cepet banget anggone dheweke lunga. Lunga tanpa bali marang aku. Saiki kartikane kaya-kaya muspra, amung katon ireng. Kartikaku kresna.
***




Dudu Layang Kangen


Pyarr..
“Masya Allah..!”
Klontiaang..
Getih seger mili dleweran ana sikile. Klambine kang sadurunge putih dadi pating clemot kaelapan tangane kang abang. Ambu anyir ngebaki hawa papan kono. Getihe mili tan ana endhege.
“Ana apa mas?”
“Ora ana apa-apa.. Wis urusana gaweyanmu dhewe.”
“Tenan mas?”
Panase rina ngethak-ethak. Srengenge kaya-kaya isih murka. Peluk saka lebure kaca kebal-kebul. Nambah hawa sangsaya sumuk. Keringete dleweran nganti klambine kebes ora karuan.
Yanto amung meneng ing ngarepe oven. Tangane nyekel wesi kanggo njupuk kaca. Sikile kablebed kain ireng. Dheweke amung ndeleng awang-awang, sajak ana masalah. Dheweke mikirake kena apa kudu dheweke kang nandhang tatu. Dheweke bingung.
***
“Dhiajeng, aku arep kandha marang kowe..”
“Apa iku mas?”
“Aku lan kowe lak wis kekancan cilik tekan seprene suwine..”
“Banjur?”
“Aku kapengin dhewe luwih saka kuwi.”
“Aku trena marang sliramu.”
“Tenan mas? Mas ora ngapusi ta?”
“Satenane, wis suwi aku ngenteni sampeyan kanda mangkono.”
“Aku uga tresna marang mas Yanto..”
Atine Yanto seneng ora karuan, kaya-kaya kajugrugan kembang sagunung. Dheweke lan Lina, pepujane, bebarengan ngronce kembang asmara. Nanging kuwi ora mlaku suwe. Pitung sasi ngronce, Lina kudu pisah saka Yanto amarga pagaweyane. Dheweke kudu ngancani bose menyang liya kutha jalaran urusan bisnis. Gelem ora gelem, Yanto kudu bisa nglilakake.
“Mas, aku arep pamitan.”
“Pamit? Awakmu arep ninggalake aku Lin?”
“Ora mas. Aku kudu menyang Kalimantan amarga didhawuhi bos makarya ana kana. Mung sedhiluk..”
“Ana kana, aku ora bakal ngapa-ngapa..”
“Aku percaya Lin. Nanging aja lali kirim layang.”
“Iya mas..”
“Ya wis, ning kana ati-ati ya..”
Samangkate Lina menyang Kalimantan, saben minggu Yanto lan Lina kirim-kiriman layang, layang kangen. Wis telung sasi mlaku, jare Lina arep bali menyang Semarang. Atine Yanto bungah maca layang kuwi. Nanging mbesuke ora ana kabar saka Lina, menawa wis tekan Semarang. Yanto enggal mara ning omahe Lina karo nggawa ali-ali, kanthi kekarepan arep nglamar Lina. Nanging omahe isih gembokan. Jare tanggane, Lina durung bali. Atine Yanto sumelang yen Lina kena apa-apa. Seminggu tanpa kabar saka Lina.
“Satenane kowe ana ngendi Lin?”
“Awakmu semaya bakal bali marang aku.”
“Mas! Mas Yanto!!”
“Ana apa dhik?”
“Iki mau ana layang saka pak pos nyasar ning aku. Iki kanggo mas Yanto.”
“Saka sapa dhik?”
“Nek ora kliru, saka mbak Lina.”
“Lina!”
“Ya wis, matur nuwun ya..”
“Padha-padha mas..”
Mripate Yanto ora ana endhege mandeng layang saka Lina. Yanto amung meneng tanpa swara. Awakke andhredeg. Eluhe niba saka mripate. Dheweke sajak ora percaya. Kuwi dudu layang kangen kang diarepake. Layang mau eggal disowek-sowek lan dibuwang ana dalan. Ali-ali mata biru ana ing sakke uga dibuwang. Atine remuk, kaya-kaya diantem gadha gedhe.
Mas Yanto kang daktresnani,
sadurunge aku njaluk ngapura. Awit aku bali ora aweh kabar marang sampeyan. Aku mesthi wis gawe atine mas Yanto sumelang. Uga wis gawe cuwa.
Aku kirim layang iki, dudu layang kangenku. Iki layang undhangan kanggo mas Yanto ngrawuhi acara palakramaku.
Aku njaluk tulung banget, mas Yanto bisa ngapurani aku. Aku uga kapengin mas Yanto bisa angrawuhi acaraku.
Muga-muga mas Yanto bisa nglilakake aku.
Matur nuwun. Nuwun.
***
Kaca saka oven dijupuk, wujude wis arep sampurna. Andeleng kaca mau, dheweke kelingan karo praupan pepujane kang ayu. Nalika ngangin-anginake, ndilalah kacane tiba.
Pyaarrr
“Masya Allah..”
“Kena apa kaca iki kaya aku?”
“Arep sampurna malah tiba, pecah..”
Dheweke amung mikir, kenapa bisa pecah. Kaya uripe kang bakal sampurna nyandhing wanita pepujane, musna.
***
 
 Benang Ruwed

 
“Hoi!! Maling..!”
“Maling...”
“Adhuh, konangan..”
Bukk..
“Rasakna! Maling kurang ajar.”
“Dhasar maling..”
“Adhuh...”
“Bapak-bapak sabar, ampun tumindak mekaten. Ampun tambah dosa. Eling, eling..”
“Sapa sing ora sabar. Dhuwitku 10 juta dicolong. Gawe jengkel tok.”
“Iya pak ustadz. Piye yen gebuki langsung bae.”
“Sabar bapak-bapak.”
Pak ustadz banjur mbuka sarung kang nutupi praen maling mau. Ora dinyana, maling iku kanca rakete. Para warga uga digawe gumun. Udin, wong kang dikenal warga sholeh uga seneng nulung. Bisa-bisane tumindak ala mangkono. Banjur Udin digawa bali karo pak ustadz.
“Din, kena apa kowe tumindak mangkono?”
“Ibuku ana desa gerah, Mat, kudu operasi. Dene aku ora ana wragad kanggo kuwi.”
“Ning ya ra mangkono ta carane. Butuh pira? Insya Allah aku bisa mbiyantu.”
“20 juta, Mat.”
“Iki aku mung ana 5 juta.”
“Kuwi ora cukup. Aku butuh luwih saka kuwi!”
“Isih ana dalan. Njaluk marang Sing Kuwasa.”
“Ah! Saben dina aku wis donga. Nyatane dongaku ora tau diijabah.”
“Huss!! Eling, Din. Eling..”
“Sing Kuwasa mesthine ora asih.”
Plaakk..
Rahmat ngaplok pipine Udin. Rahmat ora seneng yen ana kang celathu kaya mangkono. Udin ora kaya Udin kang dikenale. Dhisik Udin wong kang sholeh, alus pituture, apik pambudine. Saiki, malah kaya mangkono. Malah nyalahake Sing Kuwasa.
“Din, sing anduweni salah kuwi dhewe, manungsa. Dudu Gusti, kang wis paring urip!”
“Manungsa amung kudu tawakal lan ikhtiar, nalikane diuji.”
“Pancen gampang kowe ngomong mangkono. Angel anggone nglakokake, Mat!”
“Wis kowe ora usah ngurusi aku. Minggat kana!!”
Udin ngusir Rahmat sinambi nguncalake dhuwit 5 juta mau marang Rahmat.

“Assalamu’alaikum.. Kula nuwun..”
“Wa’alaikumsalam..”
“Mas, apa tenan sing dikandakake mas Rahmat.”
“Mbok sampeyan ngomong marang aku utawa mas Rahmat. Insya Allah bisa mbiyantu.”
“Iki urusanku dhewe, Rin,”
“Coba mas. Sampeyan nyawang iki.”
“Iku mung sulaman.”
“Apa kang ana ing pikirane mas Udin?”
“Amung benang ruwed, njlimet. Warna ireng putih.”
“Terus?”
“Nanging ana dhuwure ketata.”
“Banjur?”
Udin amung bingung apa sing dikarepake Rini. Banjur Rini anjlentrehake yen sulaman kuwi panggambaraning kauripane manungsa. Saka ngisore pancen katon ruwed lan bubrah. Nanging kang ana ing dhuwure pola kang wis katata kanthi endah. Padha dene ing kauripane manungsa. Sing Kuwasa wis nggarisake kabeh dalaning urip manungsa. Dene ing ngisor (donya), manungsa mung bisa usaha, nglakoni kauripane kanthi maneka cara. Urip pancen ruwed, nanging Sing Kuwasa mesthi kagungan rencana lan tujon kang endah tumrap para makhluk.
Keprungu pituture Rini, Udin mung meneng. Eluhe netes, nanging enggal dielap. Dheweke isin marang Rini, kanca rakete bareng Rahmat.
“Sepurane, Rin.”
“Salah mas. Kudune mas Udin jaluk ngapura marang Gusti Allah.”
“Astaghfirullah..”
“Matur nuwun Rin.”
“Ora mas. Kudune matur nuwun marang mas Rahmat. Satenanane aku mrene iku panjaluke mas Rahmat. Dheweke njaluk tulung aku supaya ngandani babagan mau supaya mas Udin eling.”
“Rin, iki sulamanmu.”
“Kuwi kanggo mas Udin bae. Assalamu’alikum..”
Sawise Rini pamit. Banjur Udin enggal metu, lunga menyang omahe Rahmat. Dheweke njaluk apura saka Rahmat. Rahmat uga jaluk apura awit wis ngaplok Udin. Ana omahe Rahmat, Udin diwenehi dhuwit 20 juta kanggo ngragadi operasi ibune. Udin nulak, Rahmat ora gelem mundhur lan tetep meksa supaya gelem nampa. Rini teka ana omahe Rahmat. Dheweke uga ngandani supaya Udin gelem nampa pitulungan saka kanca. sawise dirimuk Rini lan Rahmat, Udin gelem nampa.
“Nanging piye mengko anggonku mbalikake dhuwite?”
“Ora usah dipikir, Din. Aku percaya Allah bakal paring dalan.”
“Iya mas. Penting, saiki mas Udin enggal bali ngaturake dhuwit uga ngancani ibu mas..”
“Alhamdulillah. Matur nuwun Mat, Rin.”
"Padha-padha mas.”
“Dhewe kekancan kudu aweh pitulungan.”
Udin enggal bali desa lan menehi kabar marang ibune, yen ibune ora usah bingung wragad lan bisa operasi. Keprungu kabar mangkono, ibune seneng lan enggal pocap sokur marang Gusti.
Ing tengahing operasi, Udin kuwatir lan tansah donga kanggo kaslametan ibune. Nalika iku, tan dinyana Udin ing kasumelangane, Rahmat lan Rini teka menehi panjurung. Udin rada bungah. Ana kanca nalikane dheweke kasusahan. Pancen kuwi pigunane kanca, ana nalikane seneng lan sedhih.
***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar