Ki Ageng
Pandanarang II
Semarang
kalebu kutha kang makmur ing jamane Ki Ageng Pandanarang I jumeneng.
Panjenengane tansah emut marang ajarane para wali ing paprentahane. Ki Ageng
Pandanarang I utawa Ibnu Abdullah iku murid Sunan Bonang lan Sunan Ampel.
Panjenengane didhawuhi Sunan Bonang ambabat alas kang saiki dadi papan aran
Semarang.
Ki Ageng
Pandanarang I kagungan putra cacah nem. Sadurung seda, panjenengane ngendikan,
“Anak-anakku, yen ingsun tilar donya, terusna lelakon syiar agama Islam. Aja
pisan-pisan sira ninggalake ajarane para wali. InsyaAllah uripmu mulya ing
donya lan akerat.”
Sawise panjenengane seda Raden Kaji, putra mbarepe,
angganteni dadi Adipati Semarang kaaran Ki Ageng Pandanarang II.
Raden Kaji
jumeneng udakara 16 taun. Ing jaman paprentahane kang wiwitan panjenengane
tansah eling marang Gusti uga ajaran para wali. Nanging ing sawijining dina ,
sawise biyunge uga seda, panjenengane lali. Raden Kaji kedanan bandha donya
awit uripe tansah reja.
“Kepriye ya,
carane kareben kasugihanku mundhak terus? Awit rama lan biyung tansah peparing
terus, mesthi branane kadipaten iki kalong.”
Awit Semarang
reja makmur lan papan dununge kang strategis, akeh para saudagar saka manca
kang labuh lan nganakake niyaga ana Semarang. Kahanan mangkono dingerteni Raden
Kaji lan andadekake pajenengane migunakake kanggo nambah bebranane kanthi dadi mendring.
Saliyane dadi mendring, Raden Kaji uga dadi pedhagang gedhe kang nyade barang-barang ing rega
larang banget. Panjenengane mudhun, ngawasi lan anggatekake kahanan pasar.
“Ki sanak, ketoke
dodolanmu kurang payu. Ana apa?”
“Nuwun,
Kanjeng Adipati. Sadean kula kirang payu awit saudagar manca menika nyade
lamgkung mirah reginipun. Kamangka anggen kula nyade reginipun sampun pantes.”
“O, mangkono
kahanane.”
“Ngapunten,
Kanjeng. Kula nyuwun ngapunten. Ngeten, kula badhe nyambut arta mangke kula
gantos ing dinten sanes.”
“O, ngono. Ora
apa-apa, nanging mbesuke kudu kokbalekake saanakane.”
“Matur nuwun,
Kanjeng.”
Banjur ing
saudagar manca panjenengane uga nawakake pitulungan arupa dhuwit.
“Nuwun,
Kanjeng.”
“Dodolanmu
laris temen. Isih awan wis entek-entekan.”
“Inggih,
Kanjeng. Mbokmenawi awit reginipun langkung mirah. Nuwun sewu, Kanjeng.
Samenika wonten peken badhe pados menapa?”
“O ya. Aku
mung kapengin ngerti kahanane rakyatku. Aku uga arep nawani pitulungan marang
wong kang mbutuhake.”
“Keleresan, Kanjeng. Menawi kepareng kula badhe nyambut arta.”
“Ya ora
apa-apa, nanging ana anakane.”
“Boten menapa-menapa
awit kula mbetahaken sanget kagem kulak kathah.”
Raden Kaji
seneng atine awit akeh saudagar kang kerimuk gelem nampa utangane. Ora amung
bakul lokal nanging uga pedhagang manca kang akeh-akehe saka negri Cina. Saya
suwi bakul-bakul utawa pedhagang lokal uga manca sansaya akeh kang utang marang
Raden Kaji. Raden Kaji seneng awit bandhane tambah terus. Nanging kasenengan
mangkono ora bisa dirasakake dening pedhagang kang utang marang Raden Kaji.
Akeh kang padha bangkrut awit kudu ambalekake dhuwit wadon kang manak-manak
dhuwur. Ana bakul nganti adol kabeh dhasarane mung kanggo mbayar utang marang
Raden Kaji.
Ing Demak
Bintoro, para wali nganakake rembugan kang mbahas kahanan formasi wali ing paprentahan Demak. Sedane Syeh Siti Jenar nyebabake
kekosongan posisi. Ing rembugan, uga
mbahasa sapa kang bisa angganteni Syeh Siti Jenar. Sunan Kalijaga ngajukake panyarwe
supaya Raden Kaji kang angganti. Nanging para Sunan ora nampa panemu Sunan
Kalijaga awit tumindake Raden Kaji kang lali marang pepadhange dalan. Sunan
Kalijaga tetep ing panemune.
“Ngapunten,
Ki. Mangke kula ingkang bakal tanggel jawab andadosaken Raden Kaji emut.”
“Ya wis yen
mengkono karepmu. Para Wali wis sarujuk bilih sing bakal angganteni Syeh Siti
Jenar iku Raden Kaji, putrane Ki Ageng Pandanarang.”
“Inggih, Ki.
Benjing kula enggal-enggal medhal saking Demak tumuju Semarang. Nyuwun
pandonganipun.”
Esuke Sunan
Kalijaga ninggalake Demak Bintoro saprelu nyadharake Raden Kaji sing wis
kedanan bandha donya lan lali akerat.
Sarawuhe ing
Semarang, panjenengane nyamar dadi tukang suket. Saben dina panjenengane
ngumpulake suket kanggo pakan jaran lan sapi. Sawijine dina panjenengane
nawakake suket ing plataran kabupaten Semarang.
“Nuwun, Ki
sanak. Kula badhe nawakake suket kagem pakan.”
“O, nggih
mangga.”
“Ngapunten,
Kanjeng Adipati. Kula gadhah suket kagem pakan. Kersaa panjenengan mundhut dhateng
kula.”
“Ya wis, ora
ngapa. Prajurit, jupuka sukete kaki iku kanggo pakan jaran!”
“Kasinggihan,
Kanjeng.”
“Matur nuwun
sanget, Kanjeng.”
Sawise suket
mau dituku, banjur dibongkar dening tukang jaran. Pranyata ing jerone suket mau
ana emas sakepel sing pating kumeclap. Raden Kaji ngerti ana emas kang
ditemokake tukang jarane. Emas sakepel mau banjur diakoni dening sang bupati
dadi duweke. Kahanan kaya mangkono iku kedadeyan nganti pirang-pirang. Saengga
andadekake emas sing ditampa wis mesthi akeh banget. Iku andadekake
panjenengane sansaya srakah lan umuk.
“Kaki, sira
asale saka endi?”
“Nuwun,
Kanjeng. Kula saking Jabalkat.”
Krungu
mangkono Raden Kaji kaget awit Jabalkat kuwi papan sing banget adohe saka
Semarang. Banjur Raden Kaji nguncalake dhuwit sakepel.
“Ngapunten,
Kanjeng. Kula boten mbetahaken arta saking panjenengan.”
“Apa karepmu
tumindak mangkono. Wong tuwa ora ngerti tata!”
“Menawi kula
kapengin emas, kula saged pados piyambak kanthi macul siti.”
“Wong tuwa wis
mambu lemah kok isih umuk. Eling!”
Sunan Kalijaga
enggal-enggal macul lemah ing ngarepe. Kanthi gedhe lan kuwasane Sang Maha
Wikan sanalika lemah kang kepacul dadi sakepel emas. Raden Kaji banget kaget
manahe. Dheweke ngalembana yen wong tuwa ing ngarepe dudu sembarang wong.
“Sejatine
sampeyan iku sapa?”
“Ingsun Sunan
Kalijaga, salah sijime wali saka Demak Bintoro.”
Krungu kaya
mangkono iku, sang bupati sadhar lan age-age njaluk ngapura ngenani apa sing wis
dadi kaluputane. Raden Kaji kapengin dadi muride Sunan Kalijaga. Banjur Sunan
Kalijaga menehi syarat yen Raden Kaji kudu ngumbara mangidul menyang Jabalkat.
“Raden Kaji,
sira pilih kamulyan apa kautaman? Yen kamulyan ateges sira kapengin kuwasane
ing Semarang. Dene kautaman sira kudu gelem nindakake dakwah.”
“Kula milih
kautaman Kanjeng Sunan. Kula kapengin andadosaken bapak ingkang sampun swargi
boten kuciwa dhateng putranipun.”
“Yen mangkono,
sira daksandhingake karo Nyi Kaliwungu. Bubare palakrama sira kekaro banjur
tindakna ngumbara menyang Jabalkat.”
“Matur nuwun,
Kanjeng Sunan.”
Sunan Kalijaga enggal ninggalake Semarang arep
ngadhep marang Sultan Demak, lan ing wektu sing ditemtokake dheweke arep teka
nemoni kekarone ing Jabalkat.
Raden Kaji
ninggalake kadipatene banjur kaparingake marang adhine Raden Kanoman ingkang
ajejuluk Ki Ageng Pandanarang III. Raden Kaji lan garwane, Nyi Kaliwungu
ninggalake Semarang. Nanging sadurunge, Raden Kaji wis ngelingake yen
pangumbaran mengko ora entuk nggawa bandha donya. Nanging pepeling iku ora
digagas. Nyi Kaliwungu tetep nggawa maneka manik tanpa dingerteni Raden Kaji.
Ing tengah
dalan ana wong ala cacah loro kang namatake Raden Kaji lan garwane. Ing
sawalike wit gedhe wong loro mau maspadakake tindake Raden Kaji lan garwa.
Kekarone ngerti yen sing wadon nduweni bandha. Age-age kekarone nyedhaki.
“Ki sanak
menika sinten?”
“Ora usah
kakehan omong. Bandha apa nyawa?”
“Dadi kaki
sakloron arep mbegal?”
“Kowe wis
ngerti mangkono, age uculna bandhamu!”
“Ingsun ora
nggawa apa-apa. Amung sandhangan iki kang nempel ana awak.”
“Ora percaya!”
Perampok mau
banjur ngetokake goloke. Arep dikalungna marang Raden Kaji lan garwa. Age Raden
Kaji ngetokake kanuragan kanggo ngalingi tindake para pambegal mau.
“Ayo, age
serahna bandhamu!”
“Wong kok kaya
wedhus, dikandani ora percaya!”
Sanalika
pambegal mau malih rupa. Sirahe arupa sirah wedhus dene badhane tetep manungsa.
Wong iku aran Sambang Dalan. Ngerti mangkono, Sambang Dalan age njaluk apura
marang Raden Kaji lan jaluk tulung dibalekake kaya wiwitane. Dene begal sijine
mlayu ninggalake Sambang Dalan.
“Dhuh Kisanak,
sepurane... Apuranen aku. Aku emoh wujudku mangkene.”
“Yen mengkono,
sira kudu melu aku menyng Jabalkat. Ing kana sira bakal bali kaya wiwitan.”
Sambang Dalan
banjur kapengin ngenger, dadi muride Raden Kaji. Satekane ing Jabalkat Sambang
Dalan sregep, tansah nindakake apa-apa kang didhawuhi Raden Kaji.
Sawise udakara
sesasi ana Jabalkat, Sunan Kalijaga nemoni Raden Kaji lan garwa uga Sambang
Dalan. Awit wis gelem tenanan anggone nindakake kabeh jejibahan, dheweke kaparingi
gelar kaaran Syeh Domba. Banjur Raden Kaji uga paring apura lan wujude Sambang
Dalan bali kaya wiwitan.
Ing Jabalkat
Raden Kaji diajari ilmu hakiki yaiku
sangkan-paraning dumadi. Sawise kasil nguwasani ilmu hakiki Raden Kaji kadhawuhan ngislamake warga kang ana ing Tembayat
kono. Sadurunge ninggalake Raden Kaji Sunan Kalijaga paring jejuluk marang
Raden Kaji aran Sunan Tembayat.
Sunan Tembayat
direwangi Syeh Domba mangun mesjid cilik ing pucuke Jabalkat. Swara adzan mesjid cilik iku keprungu nganti
Demak Bintoro. Age Sultan Demak ndhawuhi Sunan Kalijaga nemoni Sunan Tembayat
supaya mindhahake mesjid iku.
“Dhimas Raden
Kaji, ingsun mrene kadhawuhan Sultan Demak kinen mindhah mesjid iki.”
“Kenging
menapa kedah dipunpindhah, Kanjeng Sunan?”
“Ingsun ora
ngerti apa kang njalari. Saiki pindhahen mesjid iki. Ing ngendi tibane golokku
iki, ing kono sira mangun mesjid.”
“Kasinggihan.
Kanjeng Sunan.”
Golok banjur
diuncalake, tiba ing perenge gunung Jabalkat. Banjur Sunan Tembayat direwangi
pandhereke mangun mesjid ing papan kono. Mesjid iku kaaran mesjid Golo/Gala.
-------------------cerita di atas merupakan rekonstruksi dengan berbagai sumber----------------------
Tidak ada komentar:
Posting Komentar