Jumat, 28 Juni 2013

Geguritan



DELENGA NGISOR

dhuh kaki, praja nora royo-royo
dhuh nini, saiki bhumi katon loyo
ing lakune kala kang saya banter
wengi sansaya wengi
aja mung mangan enak, banjur pakan diguwak
aja mung urip kepenak, banjur rasa diguwak
dhuh kaki, delenga kae sing turu
dhuh nini, delenga kae sing mangan
ngemis, makarya tanpa gengsi
nggosek pangan kanggo urip
padha delenga sing urip ana pinggir dalan
weteng padha luwe
bocah tetangisan, netesake rah
padha delenga
celakna mripatmu, buka kupingmu
nora apa kaya Qorun, ning aja dadi Qorun
nora apa kaya Duryudana, ning aja kaya Duryudana
dhuh kaki, dhuh nini
gaweya endahing esem esuk
piwelingku, delenga ngisormu





Semarang, 2010


SUWUNG

krik krik..
ening
krik krik..
sepi
lingsir wengi iki
amung swara jangkrik
kadya tyasing manungsa
tan ana rasa perduli
suwung
amung tumiyuping bayu
saklebatan, mlayu
amung mampir

 Semarang, 2011


LATHI


amung lathi
kang dadi cekelan
amung lathi kang
kang bisa musprakake liyan
kang bisa musnakake liyan
amung lathi
kang andadekake congkrah
amung lathi
kang andadekake bubrah
lathi, kang dadi cekelan
lathi, bisa nyawijikake
bisa gawe saeka praya
amung lathi..
ya.. lathi
nugraha uga bebaya
 
Semarang, 2011



GURIT PANGUWASA

ing wancine
tekan kala mangsane
antarane pandhawa lan kurawa
sesingidan rerebut Ngastina
ngetungi dina-dina
kang kebak prahara
pandawa dadi sesingidan
kurawa angumbar kadurjanan
lha, kepriye bisa maju negarane
kepriye bisa tentrem rakyate
yen ta..pangarsaning bangsa
tan bisa aweh tuladha
Semarang, 2011  



SUPATA



poma poma kaki nini

urmatana rena nira

kang wus hanggarbini slira,

sira padhang hawa

saka rena nira

kang wis lila

totohan nyawa

pangandikane kang becik

kudu dennuta

poma den poma

sira gawe roga renanira

aywa gawe roganing tyas wibi nira

donga bakal lumaksana 

supata uga

  Semarang, 2011
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar