DELENGA
NGISOR
dhuh
kaki, praja nora royo-royo
dhuh
nini, saiki bhumi katon loyo
ing
lakune kala kang saya banter
wengi
sansaya wengi
aja
mung mangan enak, banjur pakan diguwak
aja
mung urip kepenak, banjur rasa diguwak
dhuh
kaki, delenga kae sing turu
dhuh
nini, delenga kae sing mangan
ngemis,
makarya tanpa gengsi
nggosek
pangan kanggo urip
padha
delenga sing urip ana pinggir dalan
weteng
padha luwe
bocah
tetangisan, netesake rah
padha
delenga
celakna
mripatmu, buka kupingmu
nora apa kaya Qorun, ning aja dadi Qorun
nora apa kaya Duryudana, ning aja kaya
Duryudana
dhuh
kaki, dhuh nini
gaweya
endahing esem esuk
piwelingku,
delenga ngisormu
Semarang, 2010